Jumat, 27 Desember 2013

Geguritan Penghijauan



Kangen Ijo Royo-Royoning Alam

Ora kerep maneh aku krungu ciciting peksi
Ora akeh maneh aku bisa nyawang gegrumbulaning wit-witan
Kahanan pekarangan sing biyen katon ijo royo-royo
Saiki dadi gudhange beluk

Njur sapa sing salah?
Apa sing nduweni  penguwasan?
Apa wong-wong kang dhuwite akeh?
Utawa apa masyarakat dhewe
Kang wis ora nggubris lingkungane kang saya garing

Kita mung bisa angrasakake
Yen ketiga alas-alas gundhul gampang kobong
Yen rendheng gampang rob
Amarga lemah wis ora bisa nyesep banyuning udan

Saiki, meh kabeh pelataran katutup semen
Dalan-dalan cilik padha dicor, padha diaspal
Semono uga alas-alas padha gundhul
Krana polahe para durjana kang ora nduweni tanggung jawab

Nganti aku ora bisa ambegan kanti legawa
Aku kangen ijo-royoning alam sakiwa tengenku
Ora pengen aku krungu ana kobongan alas maneh
Aku ora pingin ana rob maneh, uga jugruging gundhuk-gundhuk

Mula iku, pra kanca
Ayo, kita tandur ing pelataran sakiwa tengen
Karo rerupaning kembang
Lan kekere wit-witan kang bisa kanggo ngiyub
Aja nganti ana lemah kang nganggur

Kanggo jumangkah kang luwih gedhe
Ayo, kita nyiapake siji nyawa sji wit-witan
Ditandur ing gegundukan lemah lan giri
Nggo nyepaki anak putu ing tembe mburi

Alam endah kang wis cumawis dening Gusti
Ayo padha diuri-uri
Supaya kita bisa marisake
kanggo bocah-bocah sing kita tresnani
nalika kita padha ngunduri tuwa
                        3 Desember 2013
                       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Apa Hujan? (Contoh teks 100 kata)

Konten             : Teks Informasi Konteks           : Sosial   Ada Apa Hujan? Musim hujan telah tiba. Terkadang di suatu daerah hu...