Kangen Ijo
Royo-Royoning Alam
Ora
kerep maneh aku krungu ciciting peksi
Ora
akeh maneh aku bisa nyawang gegrumbulaning wit-witan
Kahanan
pekarangan sing biyen katon ijo royo-royo
Saiki
dadi gudhange beluk
Njur
sapa sing salah?
Apa
sing nduweni penguwasan?
Apa
wong-wong kang dhuwite akeh?
Utawa
apa masyarakat dhewe
Kang
wis ora nggubris lingkungane kang saya garing
Kita mung bisa angrasakake
Yen
ketiga alas-alas gundhul gampang kobong
Yen
rendheng gampang rob
Amarga
lemah wis ora bisa nyesep banyuning udan
Saiki,
meh kabeh pelataran katutup semen
Dalan-dalan
cilik padha dicor, padha diaspal
Semono
uga alas-alas padha gundhul
Krana
polahe para durjana kang ora nduweni tanggung jawab
Nganti
aku ora bisa ambegan kanti legawa
Aku
kangen ijo-royoning alam sakiwa tengenku
Ora
pengen aku krungu ana kobongan alas maneh
Aku
ora pingin ana rob maneh, uga jugruging gundhuk-gundhuk
Mula
iku, pra kanca
Ayo,
kita tandur ing pelataran sakiwa tengen
Karo
rerupaning kembang
Lan
kekere wit-witan kang bisa kanggo ngiyub
Aja
nganti ana lemah kang nganggur
Kanggo
jumangkah kang luwih gedhe
Ayo,
kita nyiapake siji nyawa sji wit-witan
Ditandur
ing gegundukan lemah lan giri
Nggo
nyepaki anak putu ing tembe mburi
Alam
endah kang wis cumawis dening Gusti
Ayo
padha diuri-uri
Supaya
kita bisa marisake
kanggo
bocah-bocah sing kita tresnani
nalika
kita padha ngunduri tuwa
3 Desember 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar